Tampilkan postingan dengan label entertainment. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label entertainment. Tampilkan semua postingan

Selasa, 27 Desember 2011

tembang macapat

Contoh Tembang Macapat

Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk

Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama

Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana

Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani

Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon

Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
READ MORE - tembang macapat

mantous-lagu campursari

lagu campursari

ANTING ANTING ting anting ‘mbang cempoko tondo moto soko seliramu ting anting tondo tresno lahir bathin sineksih lintange wluku
ling eling dek semono rembulane ketutupan mego gawe kekesing ati nganti anti tekane radyan permadi (si jantung hati)
[reff: 2x]
anting-anting dhek kembang cempoko

woheing aren mbokyo eling dhok semono emprit gantil menclok ning witing pari tansih gumantil ono njero ning ati
ting anting ‘mbang cempoko tondo moto ugo tanda tresno ling eling dek semono yen ra nyandhing rasane ning ati gelo

ESEMU suwe ora ketemu, cah ayu gawe kangening atiku taksuwun rinten lan dalu pamujiku manggiha rahayu
lha piye genah-genahe, yo kene takanti-anti kabare ora esuk ora sore mung kelingan sak solah bawane
reff:
nadyan mung krungu swarane apa maneh yen nyawang eseme bebasan segara madu kalah manis..sing manis pancen esemmu
iba bungahing ati, cah manis antuk nugrahaning gusti ora mung jroning impenku bisa nyanding sliramu, cah ayu

GETHUK sore-sore padang bulan ayo konco podo dolanan rene-rene bebarengan rame-rame e..do gegojegan
kae-kae rembulane yen disawang kok ngawe-awe koyo-koyo ngelingake konco kabeh ojo turu sore-sore
gethuk, asale soko telo moto ngantuk, iku tambane opo? ach ach.. halah getuk asale soko telo yen ra petuk atine rodo gelo
jo ngono mas ojo-ojo ngono kadung janji mas aku mengko gelo

JAMILAH du duh aduh jamilah gadis ayu anak pak lurah aduh manisnya… dia pandai berdandan dia cantik sekali dia juga pandai mengaji
du duh aduh jamilah tiap hari pergi mengaji rajin sekali… lewat depan rumahku kutegur dia malu sambil menunduk dia tersipu
reff:
ya jamilah.. (jamilah, jamilah…) kau gadis ayu… (jamilah gadis ayu) ya jamilah… (jamilah, jamilah…) engkau kutunggu…
agh… aku mau (syur, syurr…) melamarmu bulan depan kita ke penghulu

KANGEN pitung sasi lawase nggonku ngenteni mung sliramu wong bagus kang dadi ati rino wengi mung tansah tak impi-impi jroning ati kangenku setengah mati
jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali ngelingono rikolo jaman semono sliramu janji aku setio ngenteni lahir batin tersnaku terusing ati
kangen!… wong kangen ngene ngene rasane rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu
kangen!… wong kangen opo opo tambane rindu-rindu tambane kudu ketemu
klopo mudo enake kanggo rujakan leganono aku kang nandang kasmaran mbalung janur wong bagus tak anti-anti mosa janji wong kangen ndang entuk jampi

KONCO TANI ee… ibo senenge konco tani yen nyawang tandurane nyambut gawe awak sayah seneng atine
reff:
parine lemu-lemu polowijo lan uga sak wernane katon subur, kabeh tuwuh kang sarwo kinandur
panyuwunku tinebehno saking sambikolo sih ing gusti mugi-mugi lestari widodo sayuk rukun rame-rame gotong-royong kang dadi semboyane konco tani saka guru tumerap negarane

MBAH DUKUN permisi mbah, kulonuwun nopo ngriki daleme mbah mangun? sing kondhang dadhos dukun tetombo mesthi mantun gadah putri namine atun
kulo mriki mbah, estu bade pados jampi jampi wuyung sanes jampi wudhun
pripun mbah? pripun mbah dukun? ampun terus ngalamun keng putra atun, mbah, kadhos kulo nggih purun mesthi enggal mantun
permisi mbah, si mbah dukun terimakasih alias maturnuwun sakit kulo pun mantun diparingi atun sak niki kersani kepripun
kulo niki mbah anake wong tani yutun sugih beras, sugih pantun
pripun mbah? mbah dukun ampun terus ngalamun duh aduh aduh, ampun mbah keng putra atun, mbah, niki tumbasanipun: anduk kalih sabun

NGINANG KARO NGILO eh eh eh.. nginang karo ngilo kothak cilik mas nggo wadah mbako aku emoh-aku emoh yen kowe ngono plonga-plongo anggepmu koyo wong bodo
dituthuk nganggo pipo ledeng isi kapuk mas jenenge klentheng tiwas methuk- tiwas methuk sikile kemeng bareng pethuk jebule malah mentheleng
eman eman di-eman-eman wong dolanan malah dadi tenanan eman-eman di-eman-eman eman-eman jebule ora keduman
pilih gethuk opo pilih tape podo-podo mas.. soko telane mbiyen piye saiki katone piye yen ra mathuk mumpung podo butuhe
eh eh eh.. nginang karo ngilo numpak jaran mas.. jarane belo mbiyen kae-mbiyen kae janji ra ngono bungah susah jare dinggo wong loro
e… nginang karo ngilo

OJO GAWE GAWE bolak-balik dikandani bolak-balik wis diaturi mas.. kok ora digape jare ngono, kok malah ngene jare ngene, lha kok malah ngono mas.. priye karepe?
aku ngulon, sampeyan ngetan duwe bojo koyo jethungan mas.. ora karuan
mbiyen piye saiki piye sampeyan wis ngerti dewe mas.. ojo gawe-gawe
reff:
saben bengi ditinggal lunga saben bengi ditinggal lunga aduh dek.. aku dewe’an tuku wijen dipangan semut turu ijen nggo pakan lemut adu dek.. sopo-sopo sing tahan
bola-bali wis dikandani bola-bali jare wis ngerti aduh mas.. jarene ngerti cianjur di sukabumi terlanjur jadi penyanyi aduh mas.. gimana lagi
ayo-ayo bebarengan lan ora perlu sujanan mas.. opo gunane sing penting podo ngertine ngelingi kuwajibane sing tentrem rumah tanggane

OJO LAMIS ojo sok gampang janji wong manis yen to amung lamis becik aluwung prasojo nimas ora agawe cuwo
tansah ngugemi tresnamu wingi jebul amung lamis koyo ngenteni thukuling jamur ing mongso ketigo
aku iki prasasat loro tan antuk jampi mbok ojo amung lamis kang uwis dadine banjur didis
akeh tulodo kang demen cidro uripe rekoso milih sawiji ngendi kang suci tanggung biso mukti

PIPO LONDO mas.. timun diiris-iris ojo nglamun-ojo ngelamun ra wis uwis kecipir - kecipir dipangan luwak yen dipikir-dipikir ngrusakake awak
[reff:]
mas.. gethuk opo-opo telo yen ra pethuk- yen ra pethuk ojo gelo mikul suket, yo mas yo, ilang taline yen tresno banget, eh pancen angel laline
pipo londo utang gethuk opo nyaur telo dik tiwas methuk sing dipethuk ra sido teko
pipo londo ngenyam pandan digawe kloso dik tiwas dandan jebul ning ati nelongso
mas.. jambu opo-opo jeruk? yen ra ketemu - ra ketemu mbok ojo ngamuk
ketimun - ketimun dinggo rujakan timbang nglamun yo mas yo ayo guyonan
[kembali ke reff:]
pipo londo utang gethuk opo nyaur telo dik tiwas methuk sing dipethuk ra sido teko
pipo londo ngenyam pandan digawe kloso dik tiwas dandan jebul ning ati nelongso

PUTRO NUSWANTORO anakku sing bagus dhewe besok pinter sekolahe yen wis biso nyambut gawe kudhu mlaku sak mesthine cup menengo ngger anakku ojo pinter nangis wae
anakku sing bagus dhewe besok pinter sekolahe cup menengo ngger anakku sing tansah tak domo-domo dadiyo satrio tomo labuh marang nuso bongso
reff:
enggal menengo anakku welaso marang ibumu didawuhi kudu nggugu biso gawe mareming atiku
adoh dununge bapakmu ngayahi kewajiban luhur yen wis rampung mesti kondur nuswantoro subur makmur

RONDO KEMPLING ndak pundi mbak ayu bade tindak pundi? kadingaren tindak wae ora numpak taksi
dewean opo ora wedi? timbang nganggur kulo gelem ngancani
kleresan mas alias kebetulan blanjane kathah rada kabotan ha yen purun enggal-enggal ngrencangi tekan omah mangke kulo opahi
ee… tobil wong legan golek momongan niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?
ampun gelo mas sampean ampun kuciwo kulo rondo anyaran ditinggal lungo
awan-awan lungo blonjo ning pasar pahing wing-wing… prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing…
ning semarang mas.. tuku gelang karo anting-anting jo sumelang yo ben rondo dijamin kempling..
kempling lho mas….
muanteb… tenan

SAKIT RINDU luwih becik loro untu daripada sirahe ngelu sakit cinta, sakit rindu yen bengi ra biso turu yen awan ra doyan mangan amargo tansah kelingan
betul kowe bener kandamu, cah ayu (halah tenane?) ora liyo mung sliramu (opo iyo?) rino wengi dadi impenku (halah…) wani sumpah opo njalukmu bocah ayu, jo ngguya-ngguyu
lali anak, lali bojo lali wayah, lali petung (thang thung theng thung) rasane wong lagi gandrung pilih mbacut opo pilih wurung yen wurung tak mlebu sarung (halah tenane? - adem) [yen wurung tak trimo-trimo nggantung]
malaria opo malarindu sedino koyo sewindu neng awak marakke kuru numpak dokar mlakune ngulon wong sabar mesti kelakon [2x]
waduh bapak aduh biyung anakmu koyo wong gemblung kapan ndiko paring pitulung iwak cucut mlebu neng karung kebacut alias kadung ngentekke sawah, ngentekke kalung [tukune pitik, metune gunung]

SIMPANG LIMA njanur gunung dik malam minggu kok ngalamun (malam minggu kok ngalamun) biasane sore-sore wis diapeli
mangan timun… (mun) mangan timun jo dicampur sabun (wakakakak…) timbang nglamun luwih becik angelipur ati
malem minggu dik malem minggu yo’ mlaku mlaku (malem minggu mlaku-mlaku) melu aku… melu aku neng simpang lima
rame-rame… rame rame karo kancane (karo kancane) indahe kutho semarang wayah-wayah sore
(diukir-ukir kayune jeporo, ayo ro) ojo dipikir ning ati dadi leloro (sego pecel, sate kerang neng simpang lima, ayo ma) tiwas mangkel kebacut ditinggal-tinggal lungo

READ MORE - mantous-lagu campursari